yen kelingan jamane sekolah,,
aku sering gawe koe nangis,
lagon ku sakpenak udelku dewe,
aku nggedhe rono rene padahal mugh wong kere
mbajing ra eling wayah..
ragagas koe segh ngopeni aku
maak,..
koe siji-sijinene segh wani mati kanggo aku
amargo ning donya iki,
ora tak temoni tresno sejati
kajobo tresnamu marang aku
Mboog'e..
asline aku kangen dikeloni karo koe,,
tiap wengi digawekne wedang legi karo susu
saben esuk aku digodokne banyu kanggo adus,,
manganku cemepak terus
Buu.
Senajan wis ora isoh nyawang..
Dongaku mili trus kanggo kanjeng ibu.
Kanggo ngancani turu ning swargine gusti pengeran.
Agus Bima Susena
Bekasi 22 Desember 2015
Tidak ada komentar:
Posting Komentar